ceritakan angkling darma basa jawa
B. Daerah
hilya51
Pertanyaan
ceritakan angkling darma basa jawa
1 Jawaban
-
1. Jawaban mutiaraputri9
Prabu Anglingdarma, putra saka Dewi Pamesthi karo Astradarma Ratu saka Yawastina. Pramesthi kuwi putri Prabu Jayabaya, raja saka kraton Mamenang Kediri. Sawise dadi garwa raja Yawastina, Pramesti banjur di boyong menyang Yawastina.
Sawijining dina, Pramesthi diangslupi Bathara Wisnu, lan ndadekake dheweke ngandhut. Prabu Astradarma duka ngerti kahanan mau, lan ora nampa katrangane Pramesthi. Dheweke ditundung lunga saka kraton. Banjur mulih neng kratone bapake.
Prabu Astradarma : “Dinda, apa bener yen kowe lagi ngandhut?”
Pramesthi : “Kula nyuwun ngapunten, Gusti. Leres menawi kula taksih ngandhut.”
Prabu Astradarma : “Sapa kang ndadekake kowe ngandhut?”
Pramesthi : “Kula dipunangslupi dening Bathara Wisnu, Gusti.”
Prabu Astradarma : “Aku ora percaya. Kowe mesthi wis selingkuh saka aku.”
Pramesthi : Mboten, Gusti. Kula taksih setya dumateng, Gusti. Kula boten selingkuh kaliyan sinten-sinten.”
Prabu Astradarma : “Alah, orah usah ngapusi. Aku wis ora percaya karo omonganmu. Kowe wis ngianati katresnananku. Kowe ora pantes maneh dadi ratu ing kraton iki. Lungaa saka kraton iki.”
Pramesthi : “Ampun, Gusti. Kula mboten ngapusi, Gusti.”
Prabu Astradrama : “Ndang lungaa saka kraton iki.”
Pramesthi : “Menawi punika kekarepanipun Gusti. Kula bakalan medal saking kraton puniki. Kula bakal kondur wonten kraton kula.”
Prabu Jayabaya duka marang Astradarma, banjur sepata yen bakale negara Yawastina lebur dadi lendhut. Ora let suwe Prabu Jayabaya mukswa, Anglingdarma lahir lan dadi raja ing kraton Malawapati. Dewi Pramesthi kaboyong neng Malawapati.
Sawijining esuk nalika Anglingdarma mbebedhak ing alas, dumadakan keprungu swara wong wadon njaluk tulung. Anglingdarma nulungi wanita kang dicedhaki macan, kang mau njaluk tulung kuwi.
Setyowati : “Tulung…tulung…!!
Angling Dharma : “Hah…swarane sapa kae?”
( Angling Dharma banjur nulungi Setyowati. )
Setyowati : “Maturnuwun sanget, Gusti. Sampun nulungi kula saking macan wau.”
Angling Dharma : “Uwis, saiki kowe tak terake bali menyang omahmu. Omahmu mapan ana ngendi?”
Setyowati : “Wonten ing pertapan Nguntarasegara.”
Wanita mau diterake bali menyang omahe, pertapan Nguntarasegara. Anglingdarma duwe karep ngepek bojo Endang Setyowati, jeneng wanita mau, anakke Resi Maniksutra.
Angling : “Setyowati, sejatine aku wis tresna marang kowe. Opo kowe gelem dadi bojoku?”
Setyowati : “Gusti, nyuwun pangapunten, sejatosipun, kula sampun tresna kaliyan piyantun sanes.”
Angling : “Sapa wong kang kowe tresnani?”
Setyowati : “Kula tresna kaliyan kangmas kuwalon kula, Bathikmadrim.”
Angling : “Apa kang bisa dak lakoni supaya kowe gelem dadi permaisuriku?”
Setyowati : “Kula nyuwun wekdal kangge nimbang-nimbang rumiyin.”
Angling : “Ya wis, yen pancen kaya ngono. Aku bakal nunggu wangsulanmu.
Setyowati bingung amarga dheweke tresna marang Bathikmadrim. Setyowati dadi bimbang.
Ing Sejatine Setyowati ora gelem dipek bojo, amarga dheweke nresnani kangmas kuwalone kang aran Bathikmadrim. Madrim ngerti yen Setyowati tresna marang dheweke, banjur dheweke nantang adu kasekten karo Anglingdarma.
Bathikmadrim : “Kanjeng prabu Angling Dharma, menawi kanjeng badhe ngepek bojo rayi kula, kanjeng kedah saged ngalahaken kula ing adu kasekten.”
Angling : “Menawa iku syarat supaya aku bisa ngepek bojo Setyowati, bakal tak lakoni. Apa wae bakal tak lakoni supaya bisa ngepek bojo Setyowati. Aku bakal ngalahake kowe.”
Bathikmadrim lan Anging Dharma banjur padha adu kasekten. Ing adu kasekten mau, Angling menang banjur mboyong Setyowati dadi garwa Prameswari lan Madrim dadi patihe ing Malawapati.
Ana ing kraton Malawapati, Setyowati atine ora jenjem. Dheweke kepingin bali menyang Nguntara Segara.
Setyowati : “Kangmas kula kepingin kondur menyang Nguntara Segara.”
Angling : “Kowe kena apa kok kepingin mulih?”
Setyowati : “Penggalih kula mboten jenjem, Kangmas. Kula kuatir kaliyan rama kula.”
Angling : “Ya wis, menawa kuwi pancen kekarepanmu. Yen mulih menyang Nguntara Segara bisa nggawe atimu tentrem, aku ngijinke kowe mulih.”
Polatanae Setyowati gawe atine Angling sedhih. Kanggo nglipur ati, dheweke lunga mbebedhak menyang alas.
Angling : “Tinimbang aku sedhih amarga polatanae Setyowati, luwih becik aku mbebedhak menyang alas lan golek kewan buruan kanggo nglipur ati.”
semoga jawabannya betul dan maaf kalo salah ^_^